SERAT WEDHATAMA PUPUH PUCUNG
1. Pangertene tembang Pocung
Pocung iku mucung, pinucung, kluwak, lan tembung kang duwe wanda cung. Tegese kaluwak utawa pucuk. Anggitane Kanjeng Sunan Giri kanggo selingan nalika lagi luntur kekarepane. Duwe pangrasa kang kepenak/bebas.
2. Pathokan tembang Pocung
POCUNG | ||
Guru wilangan | Guru lagu | Guru gatra |
12 | u | 4 |
6 | a | |
8 | i | |
12 | a | |
➥ Guru gatrane ana 4
Tegese saben pada (bait) dumadi saka 4 gatra (baris).
➥ Guru wilangane 12, 6, 8, 12
Tegese Gatra kapisan dumadi saka 12 wanda (suku kata), gatra kapindho enem wanda, gatra ketelu wolung wondo, lan gatra kaping papat rolas wanda.
➥ Guru lagune yaiku u, a, i, a
Tegese guru lagu yaiku tibaning swara ana ing pungkasaning gatra. Gatra kapisan kudu dipungkasi nganggo tembung kang ndhuweni swara pungkasan (U). Gatra kapindho dipungkasi swara (A), gatra kaping telu dipungkasi swara (I) lan gatra kaping papat dipungksi swara (A).

3. Watak tembang Pocung
Watake tembang Pocung iku sakepenake ati, lucu, lan ngguyokake. Cocok kanggo nggambarake bab-bab kang ngguyokake lan mung geguyonan, lan sapiturute.
4. Makna tembang Pocung
Miturut maknane, tembang Pocung iku nggambarake nalika mayit/jenazah wiwit dipocong/dikafani; lan watak tembange yaiku sembrana lan sakepenake dhewe. Tegese wong kang seda bakal lali saapa-apane, lan turune sakepenake gumantung karep saka sanak kadang kang isih urip.
5. Tuladha tembang Pocung
6 | 6 | 5 | 3 | ! | ! | ! | 2 | 6 | 6 | 5 | 3 |
ngèl- | mu | i- | ku | ka- | la- | kon- | e | kan- | thi | la- | ku |
! | 2 | 6 | 3 | 2 | 1 | ||||||
lê- | kas- | e | la- | wan- | kas | ||||||
1 | 2 | 1 | 3 | 2 | 1 | 2 | 1 | ||||
tê- | gês- | e | kas | nyan- | to- | sa- | ni | ||||
1 | 1 | 2 | 3 | 2 | 2 | 1 | 1 | 3 | 456 | 3 | 2 |
sê- | tya | bu- | dya | pa- | ngê- | kês- | e | dur | ang- | ka- | ra |
Ngelmu iku kalakone kanthi laku artinya : ilmu itu didapatnya berdasarkan mencari dan
Lekase lawan kas berusaha, karena sebuah proses itu yang men-
Tegese kas nyantosani ciptakan kekuatan dari ilmu, sebab sebuah
Setya budya pangekese dur angkara prose situ dapat menghilangkan keangkara Murkaan terhadap penguasaan ilmu tersebut.