Thursday, October 22, 2020

Busana Adat Jawa - Pengertian, Wujud dan Filosofinya

 



 Busana Adat Jawa  




Wacan kang menehi katrangan sawjining babagan utawa perkara kanhi runtut saka wiwitan tumekaning pungkasan diarari teks dheskriptl. Ancase wacan dheskriptif ku meneti gambaran saengga pamaca bisa mangreteni prekara kang tanpa kudu meruhs kahanan sanyatane. Busana Jawa, mligine Jawa Tengah, ku nduweni kaendahan uga nduweni makna tarlambu Mula, ayo padha sinau wacan dheskriptif ngenani busana adat Jawa!

A. Pangerten Wacan Dheskriptif 

1. Pangerten Wacan Dheskriptif 

Tembung "dheskripsi" asale saka basa Latin yaiku descripcere kang tegese nulis utawa njlentrehake sawjining bab/perkara. Dheskripsi uga duwe teges njentrehake utawa menehi gambaran. Dadi, wacan dheskriptif yaiku sawijning karangan kang gagasan utamane nggambarake kanthi cetha obyek, panggonan, utawa prastawa kang dadi topik marang pamaca saengga wong kang maca bisa ngrasakake langsung kang lagi dicritakake ing wacan kasebut. 
Titikan/ciri-ciri wacan dheskriptif kang becik yaiku:
a. Nggambarake samubarang upamane kahanan, papan, utawa manungsa kanthi cetha. 
b. Nggunakake pancadriya (pandeleng, pangrasa, parngrungu, pangganda, lan pangecap). 
d. Bisa ngajak pamaca kaya-kaya pamaca bisa ndeleng, ngrasa, krungu, lan ngambu/ngganda dhewe. 
e. Anggone nggambarake utawa njlentrehake sawijining obyek kang dadi topik ditulis kanthi njlimet, kaya dene wujud, ukuran, werna, lan sapiturute.

2. Jinising Wacan Dheskriptit 

Wacan dheskriptil kabage dadi rong jinis, yaiku wacan dheskripsi imajinatif lan wacan dheskripsi faktual.

a. Dheskripsi Imajinatif (impresionis) 
Dheskripsi imajinatif utawa impresionis yaiku paragrat kang nggambarake ruwang utawa panggonan dumadine prastawa Gambaran ngenani panggonan kasebut kudu bisa dimangreteni marang pikiran lan rasa pangrasa wong kang maca 
b. Dheskripsi Faktual/Ekspositoris 
Dheskripsi faktual/ekspositoris yaiku paragraf kang nggambarake sawijining perkara utawa pawongan kanthi njertrehake tetengere wong kasebut apa anane saengga pamaca bisa mbayangake kahanane. Supaya obyek bisa nuwuhake daya khayal marang awake wong kang maca, penulis kudu bisa nggambarake saka sudut pandang ngendi wae. Tansaya rinci penulis anggone njentrehake sawjining prastawa, bakal luwih cetha kanggone wong kang maca mangreteni gambaran prastawa kang dicritakake mau. Umpama obyek kang digambarake iku sawijining pawongan, babagan kang prelu dijentrehake yaiku aspek fisik uga aspek rohani saka wong kang digambarake kasebut. Aspek rohani kaya dene pangrasa, watak, bakat, lan sapiturute. 

3. Tuladha Wacan Dheskripsi 
a. Dheskripsi Imajinatif 
Tuladha:
Borabudur iku mapan ing tlatah Kabupaten Magelang. Wewangunan ing Borobudur awujud candhi Budha kang karakit saka watu kali awama ireng. Candhi ki arupa candhi susun utawa tingkat saben tingkatan ana undhak-undhakane lan saben tingkatan ana stupane uga relief sing katatah ing tembok-tembok saben tingkatan candhi. Relief iki nggambarake kabudayan masarakat jaman semana. 

b. Dheskripsi Faktual  
Tuladha: 
Respati bocah kang awake gedhe dhuwur, pinter, lan kebak subasita. Respati uga seneng tetulung marang sapa wae. Dheweke uga ora tau ninggalake salat limang wektu. Kancane Respati akeh banget amarga dheweke kalebu bocah kang grapyak marang sapa wae. 

B. Maca Wacan Dheskriptif ngenani Busana Adat Jawa


BUSANA ADAT JAWA



   Busana kejawen mungguhe wong lanang iku dumadi saka wolung werna, yaiku: blangkon utawa dhesar, beskap utawa atela, sabuk utawa setagen, keris, cindhe utawa sindur, epek, timang, jarik utawa nyamping, lan selop.
Blangkon lan keris iku siji lan sijine ana perangane dhewe-dhewe. Perangan blangkon ana pitung werna, yaiku mathak, kemodho, wiron, cungkeng, mondholan, ubet utawa kupon, lan kuncung. Dene keris kang uga diarani dhuwung utawa wangkingan utawa curiga dumadi saka pitung perangan uga. Pitung perangane keris iku jenenge ukiran, mendhak, rangka, godhong, wilah/katga/parung, pendhok, lan ganja.
Bedakke Antara Busana Adat Jawa SOLO lan YOGYA

BLANGKON


   Blangkon kota Yogya yaiku bagian mburine ana mondolan(benjolan) kanggo panggonan gelungan rambut, amarga adat zaman biyen tradisi rambut lanang didawakake. Yen didelok saka ngarep blangkon Yogya luweh mbentuk huruf “A” ing bagian bathuk.
Blangkon kota Solo yaiku luweh trepes(rata) amarga wektu masa kolonial masyarakat Solo utawa Surakarta ngikuti budaya cukur kaya kaya wong Eropa. Blangkon Solo bagian ngarep luweh omba.

SURJAN  LAN BESKAP

SURJAN

BESKAP

   Surjan yaiku klambi khas Yogya kanggo wong lanang. Sering disebut uga busana takwan, surjan luweh akeh nggunakake motif kembang-kembang kaya sing biasa dinggo Sri Sultan Hamengkubuwono.
Beskap yaiku klambi khas Solo kanggo wong lanang. Wernane luweh cenderung ireng/peteng.


KERIS
KERIS


   Warangka pada keris Yogya cenderung luweh tumpul, ornamen ukiran keris lebih sederhana.
Warangka pada keris Solo cenderung luweh lancip, ornamen ukiran keris Solo lebih bermotif daripada keris Yogya.

BATIK


   Batik Solo cenderung nduweni werna luweh ing coklat sogan, motif batik Solo lebih kecil. Cara ngewirune yen jarik Solo ing bagian pinggiran wernane putih diumpetake, dadine saka njaba orak ketok.
Batik Yogya nduweni warna dasar putih, motif batik Yogya cenderung luweh gede. Cara ngewirune yen jarik Yogya bagian pinggiran sing putih diketokake utawa diweruhake.

SANGGUL


   Sanggul yaiku rambut tamnahan sing diwenehi dasaran bentuk bulat kaya tatakan gelas rada cilik, sing digawe saka kain gaas, kadang-kadang berbentuk oval utawa bulat cilik. Rambut tambahan (palsu) tersebut iso dibentuk macem-macem sanggul sing dikenal karo kabeh ibu-ibu kanggo sanggul tempel.
Sanggul Yogya disebut sanggul gelung tekuk, kanggo masang tusuk konde sanggul Yogya ana ing 1 tengah.
Sanggul Solo disebut sanggul konde, kanggo masang tusuk konde ing 1 tengah lan 2 ing pinggir.

KEBAYA


   Kebaya Yogya khas saka kebaya iki yaiku ana pita wernane emas sing ngelilingi lengan, ngelilingi gulu, diteruskengarep dada nganti bagian ngisor awak. Jarik khas Yogya werna dasare putih. Wiru jarikke nampakake werna putih(kain sing orak di batik) pas dilempit.
Kebaya Solo  orak ana ciri khas sing khusus, kebaya Solo orak ana pita-pita hiasan sing ngelilingi awak kaya kebaya yogya. Werna dasar jarikke coklat, hitam, utawa kuning. Orak nampakake kain putih(kain sing orak batik) pas di wiru.



Sumber : Buku Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 Kelas XI SMA/SMK/MA






No comments:

Post a Comment

Konsep Biologi untuk pembelajaran TKA Biologi Kelas XII

  🌳 Keanekaragaman Hayati Keanekaragaman hayati (Biodiversitas) adalah totalitas variasi kehidupan di bumi. Untuk analisis TKA, Anda wajib...