Wednesday, February 17, 2021

Wewaler

 Wewaler 



Gugon tuhon

Budaya Wewaler



   Wewaler padha karo gugon tuhon. Gugon tuhon saka Tembung gugu (pracaya marang kandhaning liyan) lan tuhu (nyata, temen). Gugon tuhon yaiku ngandel marang prakara sing dianggep duwe kadayan ngungkuli kodrat, mangka sanyatane ora. Gugon tuhon ing madyaning masarakat Jawa diarani pepali utawa larangan. Gugon tuhon kalebu kaprecayan tansah duwe rasa sumelang menawa ora bisa nyembadani prekara sing dianggep mbebayani iku. 


Gugon tuhon


Gugon tuhon salugu yaiku bocah utawa wong sing dadi mangsane Bathara Kala miturut dongeng yaiku bocah sukerta. Miturut kaprecayan, kanggo ngusadhani supaya ora dimangsani Bathara Kala, kudu ditanggapake wayang kanthi lakon Amurwakala.

Gugon tuhon wasita sinandi yaiku kalebu pitutur sing ora kalairake kanthi melok. Akeh nggunakake tembung boten ilok utawa ora ilok sing sejatine ngemu teges ora becik.

Gugon tuhon kalebu wewaler yaiku wewaler saka leluhur utawa wong sing dadi cikal bakal amarga nindakake sawijining bab, banjur wewaler kanggo anak putu supaya ora melu nindakake.


Budaya Jawa kaperang dadi loro arupa pituduh lan wewaler. Kabeh ngandhut 6 perkara yaiku Ketuhanan Yang Maha Esa, rohani, kamanungsan, kabangsan, kulawarga, lan kadonyan. 


Pituduh 


    Mungguhe bebrayan Jawa, pituduhe urip iku kaperang dadi enem prekara, kaya kacetha ing ngisor iki.

Pituduh magepokan karo Gusti Kang Maha Wisesa

Pituduh kang magepokan karo rohani

Pituduh kang magepokan karo kamanungsan

Pituduh kang magepokan karo kabangsan

Pituduh kang magepokan karo kulawarga

Pituduh kang magepokan karo kadonyan


Wewaler


    Kaya dene pituduh, wewalere bebrayan Jawa uga kapantha dadi enem pepanthan, kaya ing ngisor iki.


Wewaler kang magepokan karo Gusti Kang Murbeng Urip

Wewaler kang magepokan karo rohani

Wewaler kang magepokan karo kamanungsan

Wewaler kang magepokan karo kabangsan

Wewaler kang magepokan karo kulawarga 

Wewaler kang magepokan karo kadonyan

No comments:

Post a Comment

Konsep Biologi untuk pembelajaran TKA Biologi Kelas XII

  🌳 Keanekaragaman Hayati Keanekaragaman hayati (Biodiversitas) adalah totalitas variasi kehidupan di bumi. Untuk analisis TKA, Anda wajib...